40 Tuladha ( Pola ) Penyandra Lan Artine / Tegese
Jangan lupa membaca artikel tentang bisnis di > Informasi bisnis terbaik 2020.
  
  
  
      
  
  Sumber http://www.bimbelbrilian.com/
Selain sebagai media informasi pendidikan, kami juga berbagi artikel terkait bisnis.
 
 Ing ngisor iki tuladha-tuladha Penyandra Lan Artine / Tegese :
 -  Alise nanggal sepisan tegese alise njlarit memper rembulan nuju tanggal siji/membentuk garis lengkung yang cantik
 -  Alise kaya ngroning imba tegese alise kaya godhong imbo, tipis njlarit.
 -  Alise nyingkal tegese alise kaya singkal
 -  Bathuke nyela cendani tegese bathuke alus sumorot/memancar
 -  Bangkekane nawon kemit tegese bangkeane cilik
 -  Dlamakane sajari miring tegese dlamakane tipis banget
 -  Drijine mucuk eri tegese drijine lancip-lancip kaya pucuri ri
 -  Granane rungih pindha kencana piñata tegese Irunge mbangir/mancung kaya emas digosok nganggo patar.
 -  Gulune nglunging gadhun tegese janjang mayuk, mengarep
 -  Gulune ngulan-ulan tegese gulune janjang
 -  Kempole ngembang pudhak tegese kempole putih mulus
 -  Idepe mangada-ada tegese idepe ngjegrak
 -  Idepe tumengeng tawang tegese idep kang pucuke ndengking, mayuk mandhuwur
 -  Jajabang mawinga-winga tegese dhadhane mengangah kakak kaya abange kembang wora-wari
 -  Kempole nyikil walang tegese sikile koyo sikil walang
 -  Kempole ngembang pudhak tegese sikile putih banget
 -  Lakune kaya macan luwe tegese lakune alon banget kaya macan ngelih.
 -  Lakune mucang kanginan tegese mlakune kaya pucang seng kangingan obahe ngiwo nengen
 -  Lakune njalak dinding tegese mlakune kaya manuk jalak dinding
 -  Lambehane mblarak sempal tegese lambehan tangane sempale blarak seng tiba.
 -  Lathi manggis karengat tegese lambe/lathi kanga bang kaya abange manggis dibenthet/diplethek.
 -  Mripate blalak kocak tegese mripate mblalak (ora pati amba nanging bening) semu kedher neng semake.
 -  Mripate ndamar kanginan tegese mripate kaya damar kanginan lep-lep kedher/kedhep-kedhep.
 -  Pakulitane ireng manis tegese werna kulite ireng nanging manis
 -  Pamulune prada binabar tegese wajahe kaya ono sinare
 -  Payudarane nyengkir gadhing tegese gede kaya kelapa nom
 -  Pipine nduren asjuring tegese pipine kaya duren sajuring (lancip)
 -  Polahe kaya gabah diinteri tegese uyek-uyekan, galau pating bilulung (mbingungi)
 -  Pundhake nraju mas tegese pundhake rata, kiwa-tengene. Maksude pundhak kanan lan kiri sejajar.
 -  Rambute ngandhan-andhan tegese rambute ngombak (bergelombang) kaya godhong pandan/kembang bakung.
 -  Simbar jaja wulu-wawar tegese dhadhane ana wulune dawa-dawa.
 -  Simbar jaja pan kadya walingi tegese wulu ing dhadhane gedhene sawlingi-wlingi
 -  Sinome micis wutah tegese sinome kruwel-kruwel bunder kelap-kelip kaya picis wutah.
 -  Tangane kaya gendhewa gading tegese bentuk lengen tangan kang becik
 -  Tangane kaya gendhewa pinentang tegese tangan sing sikute nekuk mlebu
 -  Tungkake bunder lir jinangka tegese tungkake bunder banget.
 -  Untune miji timun tegese untune cilik-cilik rentep, rapi memper wiji timun.
 -  Waja gathik kumedut padoning lathi tegese untune gathik, padone lambe kedut-kedut (merga napsu banget).
 -  Wang-e nyangkal putung tegese Wang-e wangune memburi lan ramping ngresepake
 -  Wentise mukang gangsir tegese wentise kaya wentis gangsir (sajenis gangsir)
 
Selain sebagai media informasi pendidikan, kami juga berbagi artikel terkait bisnis.

Belum ada Komentar untuk "40 Tuladha ( Pola ) Penyandra Lan Artine / Tegese"
Posting Komentar